Sukses

51 Pantun Jawa Lucu Ini Dijamin Bikin Ngakak Parah

Otosia.com, Jakarta Parikan atau pantun Jawa lucu merupakan salah satu jenis puisi lama yang berkembang di kesusastraan nusantara. Secara struktur pun sama dengan pantun lainnya, berisi sampiran dan isi.

Selain berfungsi sebagai penyampai pesan, parikan atau pantun ini kerapkali dijadikan hiburan tersendiri lewat kata-katanya yang enak di dengar.

Terlebih jika pantun Jawa atau parikan ini mengandung unsur kelucuan. Menyampaikan pantun Jawa yang lucu bisa digunakan ketika sedang santai bersama orang terdekat guna mencairkan suasana.

Walau menggunakan bahasa Jawa, pantun ini akan terdengar lucu dan tetap bisa menghibur. Bagi Anda yang belum memahami bahasa Jawa memang perlu mengetahui lebih banyak terlebih dahulu ragam kosakatanya.

Nah, berikut ini kumpulan pantun Jawa lucu yang berhasil dirangkum dari berbagai sumber pada Senin (12/12/2022).

Video Populer yang Kamu Cari

Pantun Jawa Lucu

1. Lungo warung tuku jamu

Pesen limo gari siji

Nek aku tresno marang sliramu

opo yo kudu seloro iki

2. Pamit lungo menyang Seturan

Jebule dolan nang Palagan

Senajan ati lagi kelaran

tangi saur kudu tetep jalan

3. Sego bancakan dimaem Mas Rian

Tak kiro aku dadi tujuan, jebul mung nggo pelarian

4. Tuku kayu neng cedhak Pasar Triwindu

You are not alone, im here with you

5. Tuku bawang kliru mrico

Wes kadung sayang...eee.. mek dianggep konco

6. Sayur asem ayam bakar, lambene mesem atine ambyar

7. Mangan bandeng karo roti,

nggoreng peyek nang tengah wajan

Bojo ngganteng nglarakno ati,

enak bojo elek, tonggo gak doyan

8. Kembang yo kembang, nek keno angin yo kabur

Berjuang yo berjuang, nek ora dihargai yo mundur

9. Cah wedok sangune bedak,

ono cah lanang untune gingsul

Niat kulo sampun badhe cedak,

nanging nyatane malah diaturi wangsul

10. Gunung talang gunung sumbing,

nyong sing berjuang wong liya sing nyanding

Pantun Jawa Lucu Bikin Tertawa

11. Nek ngiwo yo ngiwo rasah nengen

Sing lungo yo lungo rasah kangen

12. Godong tales godong duren,

Chat ora dibales padahal online

13. Neng lapangan dolanan dakon karo Paul Pogba

Tiwas tenanan ha kok kono jebul malah mung coba coba

14. Dino minggu tanggal dua dua

Sing dirindu kok malah mendua

15. Bisa ngendhang

ora bisa nyuling

Bisa nyawang

ora bisa nyandhing

16. Nang Magelang, ono Boroudur

Nek ra disayang, yowes mundur

17. Godong klapa jenenge klari, arep nyapa wedi dicueki

18. Nyangking klapa kiwe tengen, ora nyapa ora berarti ora kangen

19. Ana kembang ketancep paku,

Nek temenan sayang temoni Bapakku

20. Nandur jae nang mburi umah, ora karo koe ora masalah

Pantun Jawa Lucu Bikin Ngakak Guling-guling

21. Tuku dawet nang pinggir dalan...pikirane mumet mantane wes nyebar undangan

22. Dinone kamis tanggale pitu

Arepo hubunganmu romantis, durung tentu wong tuwone setuju.

23. Jumat kliwon udane gerimis

enake ngopi karo mendoan

Tak sawang sawang koe tambah manis

sayange koe ra ngajak balikan

24. Tuku bungkusan, njerone jajanan

Wes kadung nyaman, jebul mung konconan

25. Udan-udan lemah teles

Tiwas chat di enteni jebul ra dibales.

26. Tuku sapu nang pasar gede, cidek e karo aku lakok jadiane karo de e

27. Wet kates jumlah e papat

tuku jamu katutan paku

Wesss rausah sambat

jodohmu iku sebenere aku

28. Nonton wayang karo dik salwa

Jarene sayang tapi kok mung liwat wa

29. Mangan roti dicampur kluwo

Duh Gusti paringono jodoh kagem kulo

30. Gula pasir kopine luwak, wani naksir ora wani nembak

Pantun Jawa Lucu Bikin Baper

31. Suwe ora mangan ketan,

ketane digoreng sangan

Suwe ora ketemu mantan,

ketemu pisan aweh undangan

32. Sega liwet lawuhe jlantah,

sega rawon kurang uyah,

Ampun tanglet kapan nikah,

pacar mawon kulo dereng gadah

33. Esuk-esuk cuacane cerah,

Golet kerja sing barokah,

Kancane wis pada nikah,

Lhaa aku nglamar ae susah

34. Dino Jumat dino Minggu

lungo wedangan srawung kekancan

Rindune kumat pengen ketemu

neng kok kelingan wes dadi mantan.

35. Yuk paiti tuku blewah

Ngombene serabi lungguh mbegagah

Wes diragati ngentekno sawah

kok malah dirabi tonggo sebelah

36. Mangan cumi campur roti, tiwas diniati jebul ditinggal rabi

37. Dolan Semarang

pas tanggal limolas

Wis kadung sayang

Blas ora digagas

38. Bunga sepatu bunga dahlia

Kalah ayu menang setia

39. Tuku gendis nek pasar minggu

ojo lali tuku madu

Hai manis apa kabarmu

aku rindu dengan senyummu

40. Tuku banyu tekan Jerman. Ora kudu ayu, sing penting nyaman

Pantun Jawa Lucu Lainnya

41. Weruh coro nang ngisor runtah

Senajan jomblo sing penting atine bungah

42. Kitab kuning kitabe santri

tahu tempe menu sarapan

Ayo kabeh sing sregep ngaji

tak usahlah kelingan mantan

43. Kitab kuning kitabe santri

tahu kuning tahu Kediri

Ayo santri seng sregep ngaji

siapa tau oleh anake kyai

44. Fadli Zon numpak vespa

Rocky Gerung numpak jaran poni

saya suuzon ama adinda

diam termenung apa abis dihamili

45. Sore-sore masak rempelo ati

mak bedhundhug ono wong edan

Piye wis tak tresnani setengah mati

malah jebul kowe main wedokan

46. Paijo ngasah belati

belati gawe mbeteti gurami

Masio koe ngayelke ati

tapi aku cinta setengah mati

47. Mancing undur-undur olih sepuluh

mlayu ngalor kolore pedhot

Sopo sing nandur bakale ngunduh

ngunduh ora nandur jenenge codot

48. Melayu melayu karo ponakan

mancing iwak nang kali serayu

Lagi mlaku weruh wong pacaran

sing lanang elek sing wadon ayu

49. Tuku sego duite ilang

tekan omah entuk ketan

Eehh aku cuma mau bilang

hei apa kabar mantan?

50. Lagi bal-balan kecocok paku

ora nulungi mlh padha ngguyu

Senajan kowe wis ninggal aku

tetep tek tunggu sekuat-kuate atiku

51. Lewat Stasiun Tugu nggowo pari, senajan iki minggu tresnaku ratau prei.

Penulis: Billy Adytya

Sumber: Merdeka.com

Loading